Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Kepiye Carane Maca Teks Geguritan Bagaimana Cara Baca Teks Geguritan Dengan Baik


Maca geguritan iku satemene duwe tujuan supaya wong liya bisa ngrungokake kanthi ati sing tenang. Kanthi mangkono wong kang ngrungokake bisa ngrasakake lan ngreti isine geguritan kasebut. Mula, sapa wae sing arep maca geguritan becike bisa ngrasakake lan ngreti isine geguritan luwih dhisik. 
Manawa maca geguritan tanpa ngerti isine, anggone maca bakal ora penak dirungokake, ora penak dirasakake, lan ora cetha sing dikarepake. Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe. Ora niru solah bawa lan patrape wong liya, awit yen maca kanthi tiru-tiru wong liya bisa katon kaku lan ora wajar. 

Bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan ing panggung utawa ngarepe wong akeh, yaiku:
1. Olah swara / olah vokal
Kedaling lesan (banter-lirihing swara, endhek-dhuwuring swara, menga-mingkeme lambe), tata pangaturing napas, lan pamedhoting ukara kudu trep.

2. Patrap

Nalika maca geguritan, solah bawa lan polatan (ekspresi) kudu dislarasake karo jiwane geguritan. Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu ngrasakake kasedhihane. Semono uga yen isine bab semangat polatane sing maca kudu katon teges, mandhes, makantar-kantar, lan merbawani.

3. Nyawiji

Antarane sing maca lan sing ngrungokake kudu nyawiji. Tegese, wiwit saka pamilihe geguritan, tata krama, nganti tata busanane sing maca kudu nggatekake kasenengan utawa kabutuhane sing ngrungokake. Semono uga sing nonton utawa ngrungokake kudu nyemak kanthi tenanan, supaya bisa methik manfaat saka nyemak geguritan.

4. Sarana
Sarana yaiku apa wae kang ndhukung supaya anggone maca geguritan tambah ”nges”. Sarana bisa awujud microphone, panggung, gendhing, podhium lan sapanunggale.

Contoh membaca  geguritan
kabeh / nunggu giliran ditabuh // 
ora ana sing meri / drengki // 
ora ana sing / cupet budine // 
ora ana / sing rumangsa = dikuwalonake

Keterangan simbol diatas
/ tegese mandheg sadhela
 // tegese mandheg rada suwe
 = tegese ana sesambungane karo larik ngisore (ora mandheg)

Sumber:  Tantri basa Jawa Kelas 4

Posting Komentar untuk "Kepiye Carane Maca Teks Geguritan Bagaimana Cara Baca Teks Geguritan Dengan Baik"