Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Contoh Soal Basa Jawa Kelas 4 SD Wulangan 1


Pitakon ing ngisor iki wangsulana sing patitis, kanthi milih siji wangsulan sing paling bener! 

1. Guyub tegese .... 

a. gregeten mulane ora tumindak 
b. greget tumindak bebarengan 
c. urip sing selaras 
d. urip ngedohi pasulayan 

2. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Tegese .... 

a. Cecongkrahan ndadekake kuwat, nang g in rukun ndadekake korat-karit. 
b. Rukun kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa koratkarit. 
c. Cecongkrahan kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa korat-karit. 
d. Rukun ndadekake kuwat, nang g in cecongkrahan ndadekake korat-karit. 

3. Geguritan, yaiku: .... 

a. Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok. 
b. Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok. 
c. Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok. 
d. Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok. 

4. Tema karangan, yaiku .... 

a. gagasan pokok sing arep diwadhahi sajerone tulisan 
b. gagasan tambahan sing arep diwadhahi sajerone tulisan 
c. gagasan tambahan sing diandharake sajerone tulisan 
d. gagasan pokok sing arep diandharake sajerone tulisan 

5. Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dadi .... 

a. alus lan nrenyuhake 
b. endah lan aji 
c. kasar lan mangkelake 
d. suci lan nyenengake 

6. Saben sapada geguritan, dumadi saka siji .... 

a. tema 
b. gagasan 
c. gagasan tambahan 
d. gagasan pokok 

7. Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani .... 

a. ngowahi gancaran 
b. prosa/crita 
c. ngarang gancaran 
d. parafrase 

8. Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku .... 

a. kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe 
b. kanthi nuladha solah bawa lan patrape liyan 
c. kanthi tanpa solah bawa lan patrap 
d. kanthi solah bawa sing digawe-gawe 

9. Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu .... 

a. katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng 
b. katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah 
c. katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih 
d. katon sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng 

10. Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani .... 

a. wirama 
b. purwakanthi 
c. surasa 
d. sastra

II. Tegese Opo ing ngisor iki

No. Tembung Aksara Tegese 
1 gayor   tegese        
2 ditabuh   tegese         
3 meri  tegese               
4 rahayu   tegese          
5 komplek    tegese        
6 crah  tegese               
7 bubrah   tegese       
8 rukun   tegese
9 santosa  tegese
10 guyub tegese

 III. Wangsulana kanthi patitis! 
1. Wenehana tuladha tumindak sing nuduhake pakerti guyub rukun ing masyarakat sakiwa tengenmu!
2. Aranana strukture (wangunan) geguritan! 
3. Apa mupangate tema sajrone karangan? 
4. Kepriye patrap sing bener tumrap wong sing maca geguritan? 
5. Tulisen sawijine (karangan) teks geguritan kanthi pilihan tema: 
  • a. Guyub Rukun ing Kulawarga. 
  • b. Guyub Rukun ing Sekolah. 
  • c. Guyub Rukun ing Masyarakat.

Kunci Jawaban Di  bawah ini

Silakah dipelajari dulu sebelum saya kasih jawabanya

Posting Komentar untuk "Contoh Soal Basa Jawa Kelas 4 SD Wulangan 1"